Kathah tiyang sami nggersula menawi gesangipun basa Jawi sapunika kirang ngremenaken, mliginipun ing bab cak-cakanipun basa karma. Satleraman, salah satunggaling bab ingkang dados underaning prekawis inggih punika kirangipun seserepaning masyarakat dhateng tembung ngoko, krama, krama inggil punapa déné krama andhap dalah penganggènipun ing basa Jawi. Inggih awit saking bab punika, basa Jawi lajeng ketingal boten kados samestinipun. Malah, sapérangan masyarakat, mliginipun para nèm-nèman, sami ajrih ngginakaken basa Jawi, kuwatos menawi dados gegujenganipun tiyang sanès.
Buku iki minangka ringkesaning kaweruh ngenani tataraning basa Jawa. Ing njeroné dirembug bédané "tembung ngoko/tembung krama" karo "basa ngoko/basa krama" awit akèh wong sok klèru ngecakaké tembung-tembung mau. Contoné, ora ana basa krama inggil, nanging ana tembung krama inggil.
Pérangan gedhéné buku iki isi pratélan tembung-tembung ngoko sing ana krama, krama inggilé, lan krama andhapé.